Gara-gara maca tulisane mak Citra Savitri, kanca ngeblogku, aku dadi pengin nulis nganggo Basa Jawa iki. Ben ora sok keminter lan kemenggres nanging lali karo basane dhewe. Kebeneran iki lagi ngelu ngrasakke kahanan bangsa sih sangsaya suwe sangsaya mbludreki.
Kaya sing lagi rame dadi 'trending topic' ki, masalah goyang dombret ning salah sawijining stasiyun tipi. Iki ora masalah pencemaran nama baik stasiyun sing bersangkutan lho ya, tapi iki jelas-jelas kasunyatan urip. Tambah akeh wae wong-wong ra mutu sing dumadakan dadi pusat perhatian. Oraaa...aku ora jeles, sumpriiit... aku terlalu ayu lan anggun yen dienggo bahan guyonan. Setuju ya Nda.... (ingkang langkung sepuh, ampun duka nggih kula celuk Nda, kan saged ugi punika singkatan saking Ayahanda, Bapaknda, Ibunda, Mamanda) ;) Piye ndaaa.... Ojo ngono to ndeeesss.... iku celukan sayang nggo kanca-kanca cedhak, nggih nyuwun gunging samudra pangaksami menawi mboten kaleresan *trok thok thok thooookk.... tabuhan gamelan mulai :)
Sakliyane filem sing tokohe Bruce Willis iku mau, aku yo seneng banget nonton filem-fileme mas Mel Gibson kayata Lethal Weapon (kawit seko sing pertama nganti tekan sing kapat), Brave Heart, Ransom, Payback, lan The Patriot. Meh podo karo nasibe mas Willis ning Die Hard, mas Gibson senenge yo remuk-remukan yen pas eksyen. Momprot ra karu-karuwan rupane ning filem Lethal Weapon, nganti ono adegan dewekne nggawe balunge iso mengsle barang. Weleeehh... rodo nggilani sih jan-jane, ning tetep luwih nggilani sing acara goyang-goyang kuwi lah. Tapi aktinge ning The Patriot apik tenan. Didhapuk dadi salah sawijining pejuwang Amerika sing ngupayakke dilorote rasisme ning kana. Nekad nglawan Inggris sing maune pancen nguwasani dharatan Amerika. Wis, top tenan sing iki. Opomeneh ning Brave Heart, nganti nangis-nangis wis yen pas nonton. Monggo sami dipadosi kiyambak nggih trailer fileme, aku ra ngerti link-e ki.
Aku uga seneng nonton Tobey Maguire ning filem Spiderman, seri pertama nganti katelu. Opo maneh mas ganteng Brad Pitt ning filem Seven, Seven Years in Tibet, Devil's Own, Mr. & Mrs. Smith lan liya-liyane. Ning filem Seven Years in Tibet, mas Pitt meranke dadi pendaki gunung sing mangkat ning Himalaya. Ealah, wis nggantheng, pendaki sisan, jan koyok bapakne bocah-bocah mbiyen hehehee... *ra sah serik :p
Yen pemain filem wedok aku senenge nonton mbak Sandra Bullock ning filem Speed. Aku ora ngidola karo si Keanu Reeves babar blas je. Terus aku yo seneng ndelok aktinge Rene Russo ning film Lethal Weapon (apes men partner-an karo Mel Gibson hihihi...), In The Line of Fire lan The Thomas Crown Affair. Mbakyu Catherin-Zeta Jones yo mumpuni tenan yen main film. Liyane ning Zorro, aku seneng tenan pas deknen main Entrapment, opo meneh maine karo aktor tuwo favoritku, mbah Sean Connery ;) Wis alur ceritane apik, pemaine ngetop, lak yo ra tandingane karo acara goyang ra jelas kuwi to? Mathuk to? *sing mathuk enggal komen yoh :)
Dadi iso ngrasakke to sepiro cuwane atiku rikala pas jam tayang filem-filem kesenanganku iku mau diganti karo tayangan sing saike nasibe garek ngenteni komplenane wong sakjagat raya. Tipi wes ra iso meneh dadi panglipur ati. Nonton berita? halah, kuwi ngono iso lewat internet. Rekane nonton tipi kan nggolek hiburan, malah entuk-entukane berita gas elpiji mundhak, ndedel sisan.
Oalah Gusti, paringono welas ngene iki. Mosok iyo dadi wong cilik iku mung iso ngelus dhadha karo mendhem jero ngene iki. Jeruuuuuu buaangeeett.... Tatu atiku, ning ora iso piye-piye, mung isane nampa lan nampa wae. Mulane kanggo kanca kabeh sing iso dadi uwong penting ning pemerintahan, gatekna to nasibe rakyatmu iki. Masiyo tuku gas elpiji satus telung puluh lima ewu jik isa, ning lak mundhake sing meh tikel pindho iku iso dienggo blanja liyane neh. Seket ewu kan lumayan to nggo tuku buku. Iso entuk siji po loro, tergantung regane. Yen bukune rodo murah, yo iso entuk loro, ijek susuk pisan. Susuke iso nggo tuku uyah. Uyah iku penting lho nda, jajalen masak ra nganggo uyah, po enak rasane? :)

No comments:
Post a Comment