Jiaaan tenan, rumangsaku kok heboh banget yoh urusan pilem sing dijiplak kuwi. Tapi ncen ra duwe isin kuwi sing njiplak. Mbok yo golek crita liyane ngono piye, mas-mas sing rupane ayu ngono wae kok ditiru *hora pareng nesu nggih sing militan nonton ;)
Aku ra tau nonton sinetron, dadi ra patiyo ngerti mubeng-mubenge lelakon ning jagad per-tipi-an. Opomeneh disambungke ning crita drama negeri ginseng kuwi. Lha ora mudeng babar blas je. Yen jare sobat bloggerku iku sing diarani uripe melas tenan, ra ono meriyah-meriyahe hehehe... wes ben, aku ikhlas kok.
Jan-jane ngopo to kok dho serik pas critane ditiru ning Indonesia? Mbok ben ngono lhooooo *langsung ditampek papan gilesan kumbahan
Eeee mbokmenowo aku iso guneman entheng ngene iki merga ora ngrasakne 'ikatan batin' sing kuwat yoh antarane awake dhewe sing nonton karo pemaine. Kuwate koyok opo siyyy... kuwat koyok cengkereman ngerine dementor ning pilem Harry Potter po? ;)
dementor lagi 'ngerjani' Dudley
Mudheng po ra iku cerito opo jal? Hayyyahhh...yo nek ora mudheng wajar wae lah, koyok aku ra mudeng tontonan sing takjelaske ning bageyan paling nduwur mau. Gambar iku salah sawijining scene ning pilem Harry Potter and the Order of Phoenix. Pilem sing diwiwiti seko seri kapisan pas pemeran utamane (Daniel Radcliffe) ijek cilik kinyis kinyis ;)
Ning menurut perasaanku, aku luwih seneng nonton pas Harpot ijek cilik. Luwih unyuuu ngono loh, kaca matane sing bunder nggilani iku marai merem melek pas nonton *nonton sinambi uthek-uthek curek soale ;) Mesakke lho Harpot ki, ket cilik wes ra duwe wong tuwo, diopeni paklik lan bulike sing jahate ra karuwan. Mulakno aku yo nggumun, jan-jane sing nukokke kaca mata iku sopo? Wong menehi mangan lan paturon ae siyo-siyo banget loh paklik Dursley kuwi, lha kok gelem nukokne kaca mata. Jal nalare piye? *mbuh karepmu
Pas wes dadi jaka njuk dadi ra patiyo nggantheng je. Lha untunge budhe Rowling wes nyukupke cerita Harpot iku tekan semono wae. Ben kenangan rupa kiyut-e Harpot isa tetep mbekas ning atiku iki. Ono sing pengin mbandhem aku nganggo novel Harpot seko seri pertama tekan sing paling keri?? ;)
Ojo toooo....Ojo jengkel yoh nek aku terus terang ngandhani bocah paling nggantheng seantero Hogwarts iku justru cah rambut pirang siji iki loh *siyap-siyap Nimbus 2015 ben iso mibur biyaanter sakdurunge di Avadakedavra hehehe...
Aku terus njajal mbayangke, nek pilem iki di-Indonesia-ke, sopo kira-kira sing miturut ati nuranimu paling pantes dadi Harpot? Nek aku lho yooo, nek aku, yo mesti ora trimo sopo wae dadi Harpot. Nyidrani imej Privet Drive 'til Hogwarts' journey-ne Harpot to?
Mbokmenowo aku yo ngono, yo koyok iku para pemirsa tayangan drama negri ginseng sing dho setiya setengah urip. Ndongaku ra uwis-uwis, muga-muga para pengusaha sinetron Indonesia wes sadhar yen njiplak iku ora apik. Jal praupane pemimpin production house-e menowo dijiplak dadi koyok Dobby, gelem po? :p
*kabeh gambar ngampil seko harrypotter.wikia.com


No comments:
Post a Comment